Headlines News :
Home » , » Sore Ing Gisiking Samodra

Sore Ing Gisiking Samodra

Written By Pewarta News on Rabu, 20 April 2016 | 04.10

Reka Putri Kartika Devi.
PewartaNews.com – Kringgg. Kringgg.... HP-ku nyuwara. “Halo, Assalamualaikum, Bu,” wangsulanku.
“Waalaikumsalam, Ndhuk kapan kowe bali? Ibu wis kangen, wis taun kaping pindho kowe ora bali nileki Ibu” swara ibu lirih.

Aku kang ngrungokake ature Ibu, sansaya nggerus ati lan trenyuh. Jenengku Laela Nurmasari, bocah unting-unting ing kulawargaku. Wiwit Bapak seda, wektu iku aku iseh sekolah menengah umum (SMU). Aku duwe sedya yen kudu gawe ibu bungah lan bombong. Ngelingi menawa aku dudu seka kulawarga kang duwe, apa meneh sawise Bapak seda, Ibu kang ngganteni Bapak golek pangupa jiwa lan beayani sekolahku. Wiwit kui aku duwe krenteg sinau sing sregep supaya bisa oleh beasiswa prestasi dudu beasiswa kurang mampu. Alhamdulillah, kanthi rahmating Gusti, aku bisa mlebu perguruan tinggi negeri ing Yogyakarta awit prestasiku, aku uga oleh beasiswa ing jurusan Ekonomi. Kang dadi pangangen-angenku nalika lulus sesuk aku bakal kerja ing kantor utawa perusahaan kang gedhe lan misuwur.

“Bu, Laela ugi kangen Ibu. Nyuwun ngapunten wektu menika kula dereng saged wangsul amargi kathah pagawean. Insya Allah taun menika Laela badhe wangsul jogja nileki Ibu. Laela badhe ngupayakaken nyuwun cuti. Laela nyuwun pangapunten nggih Bu,” wangsulanku.

Wiwit 6 tahun kepungkur sawise aku lulus kuliah, aku langsung diangkat dadi pegawai negeri sipil (PNS) bidang administrasi perkantoran ing pulo Kalimantan. Ngelingi jarak Jogja-Kalimantan adoh banget lan kudu nggunakake montor mebur, blaka wae sakjane aku ora tegel ninggalake ibu kang urip dewe ing desa, nanging aku uga durung bisa ngajak ibu melu nang Kalimantan mergo durung duwe tempat tinggal sik netep.

“Ibu tunggu ya Ndhuk, ndang kabari Ibu.” ngendikane ibu.

“Inggih Ibu, Insya Allah Laela badhe ngupayakaken kajengipun saged manthuk Jogja” wangsulanku marang Ibu.

“Nek bisa aja nganti Ibu nunggu kesuen meneh. Wassalammualaikum,” welinge ibu.

“Inggih Bu, suwun donganipun saking Ibu, nggih. Walaikumsalam,” wangsulanku banjur mateni handphone.

“Adat sabene kaping pindho setaun aku tansah nileki Ibu ing wektu dina riyaya lan preinan tartamtu, nanging kenapa tekan 2 taun iki aku blas ora muleh? Apa aku kebangeten sik kerja satemah nglalekake Ibuku sing paling tak tresnani?” aku nguda rasa dewe lan gela karo apa kang wis talakoni.

Sawise 2 minggu aku ngajokake surat cuti kang suwene 5 dina, kanthi akeh pratikel akhire surat cutiku disarujuki karo atasanku. Atiku bombong banget nalika oleh kabar kuwi, tanpa taulur-ulur maneh aku langsung matur Ibu.

Aku banjur ngabari Ibu, “Assalammualaikum, Ibu.”

“Walaikumsalam, kepiye Ndhuk?” pitakone ibu.

“Bu, benjang kula saged wangsul Jogja, cuti 5 dinten kula dipunsarujuki,” aturku kanthi sumringah.

“Alhamdulillah, Ndhuk, Ibu seneng banget, akhire kowe bisa bali,” wangsulane ibu ora kalah sumringah.

“Inggih Bu, Alhamdulillah dinten menika Laela badhe tumbas tiket pesawat lan nyampataken barang-barang ingkang badhe dipunbekta wangsul,” aturku.

Sawise urusan transportasi wis lengkap, aku oleh jadwal panerbangan esuk jam 09.00 WITA lan tekan ing Jogja jam 13.00 WIK.

Sawise tekan Bandara Adisucipto Yogyakarta, Ibu wus nunggu aku ing sangarepe lawang metu. Aku banjur mlayu nyedhaki ibu lan ngekep kanthi rasa tresna. Rasa kangen kang ora bisa katahan nuwuhake eluh kang mbrebes mili ana pipi. Ora ketemu ibu 2 taun rasane kaya ora ketemu puluhan taun. Kangenku mari sawise weruh praene ibu kang sumringah. Esem manis ing pasuryane nuwuhake rasa ayem lan tentrem ing ati.

Banjur aku lan ibu nuju omah kang ana ing desa dhaerah pesisir kidul ing Jogja. Aku lan ibu kudu nggunakake 2 angkutan umum supaya bisa tekan omah yaiku numpak bus umum banjur numpak angkutan kang luwih cilik.

“Dina iki Ibu pengen nyawang angsluping srengenge ing pesisir karo kowe Ndhuk. Wis suwe banget wiwit Bapakmu seda wis ora tau mrana meneh,” panyuwune Ibu.

Omahku ora pati adoh karo pesisir, watara amung 1 kilometer. Pancen wiwit Bapak seda aku lan Ibu wis ora tau nonton angsluping srengenge ing pesisir meneh, mbiyen aku lan Ibu biasane nunggu Bapak kondur saka segara amarga Bapak padamelane nelayan.

Sore kuwi jam 05.00 WIK aku lan ibu ana ing pesisir, ngesokake rasa kangen, sinambi ameh nyawang angsluping srengenge ing sisih kulon. Aku lan ibu lungguh ing pesisir, banjur aku matur marang ibu, “Bu, samenika Laela sampun manggen netep wonten Kalimantan, menawi kersa Ibu nderek Laela wonten mrika, Laela langkung ayem nalika Ibu kaliyan kula, Ibu ugi mboten prelu nimpen raos kangen kangge kepanggih kula, Bu,”aturku rengu-rengu.

Ibu mendel sedela sinambi menggalih, nuju angsluping srengenge Ibu banjur mangsuli, “Ndhuk, Ibu ngerti Ibu wis tuwa, Ibu mung pengen urip karo anakku siji-sijine, saben bengi Ibu sedhih nalika dewean ing gubuk kangen karo kowe, mula Ibu kepengen melu kowe nang Kalimantan.” wangsulane ibu kanthi mbrebes.

Ngrungoake wangsulane Ibu, aku banjur ngekep Ibu kanthi kenceng, eluh mbrebes kanthi rasa trensa. Angsluping srengenge ing pesisir ndadekake raos syukur ingkang tanpa pepindhan. Sore ing gisiking samodra nuntun dhiri sansaya ngalembana miring Gusti kang Maha Wisesa.


Penulis : Reka Putri Kartika Devi
Mahasiswa Pendidikan Guru Sekolah Dasar (PGSD) Fakultas Ilmu Pendidikan Universitas Negeri Yogyakarta, angkatan 2014.
Share this post :

Posting Komentar

Komentar netizen merupakan tanggapan pribadi, tidak mewakili kebijakan redaksi. Kami berhak mengubah atau menghapus komentar yang mengandung intimidasi, pelecehan, dan SARA.

 
Copyright © 2015-2017. PEWARTAnews.com - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website